Thursday, January 11, 2007

GULAI ISTIMEWA

Sing arep dak aturke iki kedadeyan sing tak alami dhek taun 1986. Kaya mas M (mase bojoku) yen libur kenaikan kelas mesthi neng nggone wong tuwane saperlu ngeterake putrane cacah telu sing umur-umurane isih SD, biasa preian neng nggone mbahe. Ing dina sing ditemtokake aku sakkulawarga wis siap utamane bab panganan, sebab yen ora prei utawa lebaran arang kumpul dulur, mula aku arep gawe kejutan. Mbak Z (bojone mas M) senengane maem sayur gule endhas wedhus wutuh, mula aku tuku endhas wedus sing siap masak.

Wiwit esuk aku wis ibut neng pawon. Bojoku rekane ngresiki sepedha pancal sing suwe ora dienggo, leh ngresiki neng sandhing lehku masak. Sepedha dicopoti, dikumbah nganggo minyak tanah ben ora karaten. Lha dik T (adike bojoku) ya ibut ngrewangi. Wayah awan masakan kanggo awan wis siap kari masak gule kanggo mengko sore, aku nggodhog banyu kanggo kuah. Durung nganti umob krungu wong uluk salam, ndhas wedhus tak wadhahi kresek tak canthelke paku tembok ben ora digondhol kucing. Jebul mas M sak rombongan wis teka. Bubar nyelehke gawan terus kabar-kabaran (crita mrana mrene). Putrane telu karo anakku loro (lanang) anake dik T siji lanang terus gojeg dadi siji neng pawon.

Bojoku durung rampung olehe masang onderdil sepedha,ditinggal sebrung ngono wae melu nemoni. Bareng sauntara banyu tak inguk wis umob, aku nyang pawon. Lha dalah kresek wadhah ndhas wedhus gemlethak neng ngisor tak saut langsung tak cemplungke kwali, bumbu tak cemplungke pisan, karo tak tinggal nyiapke makan siang. Bubar makan siang, kabeh pada leren karo nutugake ngobrol. Bareng lehku masak wis mateng, tak tinggal melu ngobrol.

Kocapa, bubar magrib acara makan malam tak siapke. Nalika mbak Z arep nyidhuk sayur dipindah neng piring, kok kaya bingung weruh ndhas wedhus wutuh mau. Bareng dipadhangi, jebul sadhel sepedha sing digoleki bojoku arep dipasang ora temu. Langsung aku nyawang nggon centhelan tembok. Kresek ndhas wedhus isih wutuh neng kono, sidane malah ngguyu kabeh. Nanging aku kudu mbaleni masak meneh, bareng anakku tak takoni, jebul sadhel mau dinggo dolanan karo sedulure. Apa tumon? (Ibune Fivi - Magetan).
Panjebar Semangat, 01-2006

0 Comments:

Post a Comment

<< Home