Thursday, January 11, 2007

NGRUQYAH

Kedadeyan iki dialami dening adhiku lan bojone. Sore-sore bar maghrib, pase dina Senen tanggal 17 Oktober 2005 anake ragil sing lagi umur setaun nangis kepiyer, gawe judhege emboke. Olehe nangis nganti suwe banget, saengga pak-mboke nduwe dudutan yen bocah iki nangise ora sabaene alias kesurupan. Amarga pake bocah iki nduwe pengalaman nangani bocah sing kesurupan, dadine olehe nggendhong anake ya karo ndremimil maca ayat-ayat Qur'an. Nanging si bocah tetep nangis wae nganti tengah wengi. Budhene nyaranake dipriksakake dokter wae, ning ya ing kahanan wengi, bisane rak esuke. Si pake tetep yakin yen bocah iki kudu diruqyah nganti sing ngganggu lunga.

Akhire embahe cluluk, "Jajal bukaken ta kathok plastike kuwi, mbokmenawa ngengek ket mau, njalari risih," Emboke enggal mbukak kathok plastike Nia (si bayi). Tali diwudhari, kain pembalute dibukak, lha rak tenan! Ngengek! Bareng dicawiki, biyuh-biyuh, bokong lan anune mlereh abang kabeh. Bubar disalini, si hayi ya terus turu nglepus.

"Mulane ta yen ngathoki plastik, sering dibukak, bayine ngengek apa ora ben eruh!" ngendikane embahe. Penulis dhewe mbatin, lha iya, dupeh tukang ngruqyah, anake ngengek njaluk disalini kathoke kok diruqyah. Diwacakna Qur'an nganti katam ya ra bakal mari nangise. (Suryani Muchsin - Nganjuk)
Panjebar Semangat, 01-2006

8 Comments:

Blogger Bangsari said...

weh, kobong aku ki...

1:36 PM  
Blogger amethys said...

wadoooh....kemproh tenan, popok wis nganti kebak koq wong tuwane ga weruh....melas nemen bayine bokonge nganti abang.

1:32 PM  
Blogger Pinkina said...

huahahahahahaa.........ngakak aku =))

1:04 PM  
Blogger Bayu My Bro said...

Gheheheheheh !!!

selain imyuuut, kowe ki lucu tenaan saudariku hahahaha...

8:39 AM  
Blogger Asyuha said...

isok setress aku moco BLoG iki... maklum... diriku wes suwi gak moco Gatholoco.... ^^

2:09 PM  
Blogger firmantyo adinugroho said...

kwe ki yo pinter nulis nanggo boso jowo tho

6:08 PM  
Blogger Ki Ageng Pamanjaran said...

https://www.blogger.com/comment.g?blogID=5445403188729110396&postID=7033429991346743596&page=1&isPopup=true

9:30 AM  
Blogger story of my life.............. said...

isikan cerkak roman sacuwil/roman picisan

6:39 PM  

Post a Comment

<< Home