Thursday, January 11, 2007

NGRUQYAH

Kedadeyan iki dialami dening adhiku lan bojone. Sore-sore bar maghrib, pase dina Senen tanggal 17 Oktober 2005 anake ragil sing lagi umur setaun nangis kepiyer, gawe judhege emboke. Olehe nangis nganti suwe banget, saengga pak-mboke nduwe dudutan yen bocah iki nangise ora sabaene alias kesurupan. Amarga pake bocah iki nduwe pengalaman nangani bocah sing kesurupan, dadine olehe nggendhong anake ya karo ndremimil maca ayat-ayat Qur'an. Nanging si bocah tetep nangis wae nganti tengah wengi. Budhene nyaranake dipriksakake dokter wae, ning ya ing kahanan wengi, bisane rak esuke. Si pake tetep yakin yen bocah iki kudu diruqyah nganti sing ngganggu lunga.

Akhire embahe cluluk, "Jajal bukaken ta kathok plastike kuwi, mbokmenawa ngengek ket mau, njalari risih," Emboke enggal mbukak kathok plastike Nia (si bayi). Tali diwudhari, kain pembalute dibukak, lha rak tenan! Ngengek! Bareng dicawiki, biyuh-biyuh, bokong lan anune mlereh abang kabeh. Bubar disalini, si hayi ya terus turu nglepus.

"Mulane ta yen ngathoki plastik, sering dibukak, bayine ngengek apa ora ben eruh!" ngendikane embahe. Penulis dhewe mbatin, lha iya, dupeh tukang ngruqyah, anake ngengek njaluk disalini kathoke kok diruqyah. Diwacakna Qur'an nganti katam ya ra bakal mari nangise. (Suryani Muchsin - Nganjuk)
Panjebar Semangat, 01-2006

Read more!
KETEKAN TAMU ORA NGGENAH

Nate, sawijining dina Minggu awan, aku lagi ngaso teturon ing dhipan reyot njeron ngomah. Dumadakan aku digugah mbakyuku, manawa ana tamu kancaku dolan, daleme beda kecamatan nanging isih njeron kutha Yogyakarta. Spontan aku enggal gumregah tangi, lan nemoni kancaku.

Sawise sawetara ngobrol, kancaku nawani aku jajan bakso sing kebeneran liwat ngarep omahku. Mesthine bae aku ora nulak, rumangsa arep ditraktir lan ditawani rejeki. Sawise rampung ngrahapi bakso, malah aku nambah semangkok, amarga enak je! Kancaku nuli menyat ngadeg arep pamitan mulih. Nanging sadurunge kancaku budhal, aku nakokake baksone wis dibayar apa durung. Kancaku mung mesem karo alok mangkene: "Manawa ketekan tamu sing wajib nyuguhi rak tuan rumah, ta!!"

Aku mak plenggong ora bisa kumecap apa-apa. Sanajan ati getem-getem amarga anyel karo kancaku, bakso kuwi nuli dak bayari.

"Ee,ketekan tamu bae tamu ora nggenah. Nawani jajan bakso sing dak kira nraktir, jebule aku sing dikon mbayari. Apa tumon," grundhele jroning ati nalika kuwi.(Adi Sartono Yogyakarta)
Panjebar Semangat, 01-2006

Read more!
GULAI ISTIMEWA

Sing arep dak aturke iki kedadeyan sing tak alami dhek taun 1986. Kaya mas M (mase bojoku) yen libur kenaikan kelas mesthi neng nggone wong tuwane saperlu ngeterake putrane cacah telu sing umur-umurane isih SD, biasa preian neng nggone mbahe. Ing dina sing ditemtokake aku sakkulawarga wis siap utamane bab panganan, sebab yen ora prei utawa lebaran arang kumpul dulur, mula aku arep gawe kejutan. Mbak Z (bojone mas M) senengane maem sayur gule endhas wedhus wutuh, mula aku tuku endhas wedus sing siap masak.

Wiwit esuk aku wis ibut neng pawon. Bojoku rekane ngresiki sepedha pancal sing suwe ora dienggo, leh ngresiki neng sandhing lehku masak. Sepedha dicopoti, dikumbah nganggo minyak tanah ben ora karaten. Lha dik T (adike bojoku) ya ibut ngrewangi. Wayah awan masakan kanggo awan wis siap kari masak gule kanggo mengko sore, aku nggodhog banyu kanggo kuah. Durung nganti umob krungu wong uluk salam, ndhas wedhus tak wadhahi kresek tak canthelke paku tembok ben ora digondhol kucing. Jebul mas M sak rombongan wis teka. Bubar nyelehke gawan terus kabar-kabaran (crita mrana mrene). Putrane telu karo anakku loro (lanang) anake dik T siji lanang terus gojeg dadi siji neng pawon.

Bojoku durung rampung olehe masang onderdil sepedha,ditinggal sebrung ngono wae melu nemoni. Bareng sauntara banyu tak inguk wis umob, aku nyang pawon. Lha dalah kresek wadhah ndhas wedhus gemlethak neng ngisor tak saut langsung tak cemplungke kwali, bumbu tak cemplungke pisan, karo tak tinggal nyiapke makan siang. Bubar makan siang, kabeh pada leren karo nutugake ngobrol. Bareng lehku masak wis mateng, tak tinggal melu ngobrol.

Kocapa, bubar magrib acara makan malam tak siapke. Nalika mbak Z arep nyidhuk sayur dipindah neng piring, kok kaya bingung weruh ndhas wedhus wutuh mau. Bareng dipadhangi, jebul sadhel sepedha sing digoleki bojoku arep dipasang ora temu. Langsung aku nyawang nggon centhelan tembok. Kresek ndhas wedhus isih wutuh neng kono, sidane malah ngguyu kabeh. Nanging aku kudu mbaleni masak meneh, bareng anakku tak takoni, jebul sadhel mau dinggo dolanan karo sedulure. Apa tumon? (Ibune Fivi - Magetan).
Panjebar Semangat, 01-2006

Read more!